Ramadhan Barakah


Bismillahirrohmanirrahiim
Assalamu’alaikum warrahmatullahi wabarakaatuh

Washollatu washallamu’ala asrofil ambiya’i wal mursalin wa’ala aliihi wa ashohbihi ajma’in
Allahumma sholi’ala Muhammad wa’ala alihii Muhammad kama sholaita ‘ala Ibrohim wa’ala ‘alaihi Ibrohim fil ‘alamiina innaka hamiidummajid

A’udzubillahiminasyaitonirojiim
Yaa ayyuhalladzii na aamanu kutiba’alaikumussiyam kamaa kutiba ‘alalladzii na min’koblikum la’allakum tattaquun

Marhaban Yaa Ramadhan ...... Ahlan Wa Sahlan  Yaa Ramadhan ......
Ibu-ibu, Bapak-bapak, sedherek-sedherek, lan adek-adek saha sedoyo jama’ah Isya lan insya Allah tarawih ingkang kulo hormati sumonggo wonten kalodhangan ingkang berbahagia puniko kito tansah ngunjukaken puji syukur wonten Ngarsa Dalem Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dhumateng kito sedoyo...  terutami nikmat Iman lan Islam lan mboten kesupen ugi kito taksih dipun paringi panjang yuswo kagem menangi malih wulan suci Ramadhan puniko.
Shalawat sarto salam mugi dipun katetepaken dhumateng junjungan, suri tauladan kito nabi besar Muhammad SAW, ugi dhumateng kaluwarga, para sahabat sumarambah dhumateng para pendherekipun ingkang tansah istiqomah  ing margi dienul Islam, kalebet kulo panjenengan  sedoyo.

Sakderengipun, wonten mriki kawulo nyuwun pangapunten kumawantun ngadeg wonten ngarsanipun panjenengan sami lan  nyuwun gunging pangaksma  ugi mbok bilih samangke kathah boso ingkang mboten trep utawi mboten mrenani penggalih jamaah sekalian.

Jama’ah Isya lan insya Allah shalat tarawih ingkang kulo hormati, wonten kalodhangan ingkang ngremenaken puniko, kawulo ingkang kapiji dados wakil saking Panitia Ramadhan 1431 H Masjid Baiturrahiim badhe ngaturaken wernaning kegiatan ingkang badhe dipun adhani ing wulan suci Ramadhan ing tahun puniko. Alhamdulillah kala dinten Rabu tanggal 14 Juli 2010 kala kepengker sampun kabentuk kepanitiaan Ramadhan 1431 H Masjid Baiturrahim mriki lan saking kepanitiaan kala wau Insya Allah badhe ngawontenaken kegiatan-kegiatan wulan suci Ramadhan antawisipun:
  1. Kultum Menjelang Shalat Tarawih
  2. Shalat Tarawih Berjamaah
  3. Ceramah Bakda  Shubuh
  4. Tadarrus
  5. Perpustakaan Ramadhan
  6. Pengaosan menjelang Buka sekalian Buka Bersama kagem warga muslim Gondang Lutung ingkang Insya Allah dipun laksanaaken tanggal 17 lan 29 Agustus samangke
  7. Aneka Ceria dan Buka bersama TPA Masjid Baiturrahiim
  8. Kajian Temati akgem bapak, Ibu, saha remaja Islam
  9. Pesantren kilat lan Lomba – lomba Islami TPA
  10. Pengumpulan lan Pembagian Zakat Fitrah
  11. Takbiran, lan pungkasan ...
  12. Shalat Iedul Fitri ingkang dipun lajengaken Halal bil halal

Sedoyo kegiatan ingkang badhe dipun laksanaaken kala wau, mboten saged malampah kajawi awit ijinipun Gusti Allah SWT lan sukungan, sumbang surung utawi partisipasi saking para jamaah sedoyo. Mugi-mugi awit sedoyo bantuan ingkang awujud punopo kemawon saking jamaah muslim, sedoyo kegiatan bulan Suci Ramadhan 1431 H Masjid Baiturrahiim kala wau saged malampah kanthi sae lan mugi-mugi Allah SWT paring piwales pahala ingkang kathah dhumateng panjenegan lan kito sedoyo. Amiin.

Selajengipun saking kawulo pribadi ngajab dhumateng kulo panjenegan sedoyo, sumonggo kito sami mahargya wulan suci Ramadhan meniko kanthi remening manah lan kanthi ngathah-ngathahaken amal ibadah saenggo samangke kito saged ngraih derajad taqwa wonten ngarsa dalem Allah SWT.

Mbok bilih meniko ingkang saged kawulo aturaken. Sepindah malih, awit wonten gangsal-gangsulipun lan mboten trep ipun anggen kulo matur kawulo nyuwun agunging pangapunten. Lan mugi – mugi Allah kepurun paring derajad taqwa ing akhir wulan siyam samangke dhumateng kulo panjenengan sedoyo.
Cekap semanten atur kawulo.

Jazakumullah khoiron katsiro
Afwu minkum     
Wassalamu’alaikum wr wb